Babad Amangkurat Tegalarum

Garda.id - Sabtu, 28 Desember 2024 17:07 WIB
Babad Amangkurat Tegalarum
Ilustrasi

Garda.id | Babad Amangkurat Tegalarum

1.

Dhandhanggula

Raja mbahu dhendha nyakrawati, 

Nata ber budi bawa laksana, 

Lenggah ing kedhaton Plered, 

Sri Amangkurat Agung, 

Wus sumare ing Tegalwangi, 

Sembada wirotama, 

Sugih bandha bandhu, 

Ambeg adil paramarta, 

Sarwa bener ketenger becik ketitik, 

Paring tepa tuladha. 

Sunan Amangkurat Tegalwangi, 

Narendra gung Karaton Mataram, 

Ganda melathi  rinonce, 

Angambar wangi arum, 

Wedharan ing Tanah Jawi, 

Lumantar Wali Sanga, 

Gancar mbabar kawruh, 

Wiwit Kraton Demak Pajang, 

Mandhegani murih basuki lestari, 

Karya wosing Wejangan. 

Prameswari nata kaping siji, 

Kanjeng Ratu Mas ing Surabaya, 

Guyub rukun gandheng renteng, 

Pangeran Pekik sunu, 

Wandansari putri Mentawis, 

Wasis manis kawentar, 

Rayi Sultan Agung, 

Apeputra Raden Rahmat, 

Amangkurat Amral anglintir tumuli, 

Kartasura Diningrat. 

2.

Kinanthi

Amangkurat Tegalarum, 

Garwa Ratu Wiratsari, 

Putra Pangeran Kajoran, 

Tedhak turun Jaka Tingkir, 

Benawa karaton Pajang, 

Kasusra diddaya sekti. 

Joko Kahiman satuhu, 

Titis wasis samukawis, 

Atmaja Sunan Prawata, 

Kinen jumeneng Bupati, 

Pangarsa tlatah Banyumas, 

Dhawuh raja Jaka Tingkir. 

Kusuma rembesing madu, 

Amangkurat Tegalwangi, 

Anggarwa Ratu Kencana, 

Raden Drajat Banyumanik, 

Sinuwun Paku Buwana, 

Atmaja narpa Mentawis. 

3.

Mijil

Narendra kagungan emas picis, 

Tlatah sisih kulon, 

Amemangun kedhaton Pamase, 

Ajibarang Banyumas  memetri, 

Dayane hartati, 

Jeng Ratu Serayu. 

Bupati sigra sengkut makarti, 

Manunggal gumolong, 

Cipta rasa karsa karya gedhe, 

Linambaran pakarti pekerti, 

Banyumas sejati, 

Lila guyub rukun. 

4.

Gambuh

Boga wastra sadarum, 

Sunan Amangkurat Tegalarum, 

Waras wasis wisma laras laris manis, 

Mataram tambah misuwur, 

Katon maton tanggap tanggon. 

Bangunan saka kayu, 

Ing pangajab pikantuk rahayu, 

Amangkurat Kanjeng Ratu Wiratsari, 

Banyumas tambah ngrembuyung, 

Suka gembira rinaos. 

5.

Pangkur

Sampun kocap pabrik kecap, 

Madeg jejeg mapan neng Purwodadi, 

Kedhele Ngawi Madiun, 

Tuban Lamongan Blora, 

Ponorogo Blitar Nganjuk Tulungagung, 

Trenggalek Sragen Pacitan, 

Bojonegoro Kediri. 

Para Bupati Banyumas, 

Golong gilig arsa mbangun negari, 

Dhawuh Amangkurat Agung, 

Nuhoni Ratu Kencana, 

Mrih rahayu iline kali Serayu, 

Angocori sawah sawah, 

Tela pohung jagung pari. 

6.

Asmarandana

Kanjeng Ratu Wiratsari, 

Prameswari Amangkurat, 

Yasa Kedhaton Pamase, 

Ambangun tlatah Banyumas, 

ing Lesmana Ajibarang, 

Mahargya Ratu Serayu, 

Kadang tani among dagang. 

Dumugi Rembang pesisir, 

Pelabuhan dagang layar, 

Selat Malaka Tamasek, 

Banjar Aceh Deli Serdang, 

Ternate Bugis Makassar, 

Tidore Ambon Maluku, 

Cirebon Banten Pasundan. 

7.

Pucung

Alun alun papan amba kebak purun, 

Aneng Purwakerta, 

Among dagang laris manis, 

Amangkurat paring cahya kang sumirat. 

Tani maju perenging gunung Semeru, 

Malang Pasuruan, 

Probolinggo Banyuwangi, 

Situbondo lumajang Jember weh terang. 

8.

Megatruh

Sarwa luhur Banyumas wilayah subur, 

Kabawah kraton Mentawis, 

Raja Amangkurat Agung, 

Sarta Ratu Wiratsari, 

Pura Pamase mencorong. 

Apel Batu seger buger padha tuku, 

Bener cocok enak gurih, 

Angrembuyung pereng gunung, 

Suka lila kadang tani, 

Tandur subur aweh awoh. 

9.

Pucung

Desa gunung seni tumangkar ngrembuyung, 

Wilayah Banyumas, 

Kanjeng Ratu Wiratsari, 

Amangkurat nata agung hayuningrat. 

Laris payu pakaryan pereng Serayu, 

Warga pegunungan, 

Gumelem tansah makarti, 

Setya darma labuh labet marang praja. 

10.

Kinanthi

Lumaku toya Serayu, 

Kinclong kinclong sarwa bening, 

Kanjeng Sunan Amangkurat, 

Sesarengan prameswari, 

Nyawang gunung Slamet endah, 

Banyumas kang edi peni. 

Pasir wukir panjang punjung, 

Kawula praja Mentawis, 

Amangkurat kalokengrat, 

Kanjeng Ratu Wiratsari, 

Ngudi dagang pelayaran, 

Lumampah pambelah gisik. 

11.

Pangkur

Dhatulaya Ajibarang, 

Papan sumber emas kencana rukmi, 

Nata Amangkurat Agung, 

Wiratsari kang garwa, 

Paring dhawuh mrih Banyumas wutuh tangguh, 

Kuwat drajat pangkat semat, 

Sugih bandha bandhu budi. 

Bregada jurit samudra, 

Pilih tanding madyaning jalanidhi, 

Mundhut piranti perahu, 

Nadyan reregan larang, 

Reksa laut suradhadhu baut patut, 

Silem gladhening layaran, 

Prigel trampil olah warih. 

12.

Pucung

Ing Serayu kali ayu lan rahayu, 

Sunan Amangkurat, 

Tapa kungkum tapa ngeli, 

Mesu jiwa anoraga cipta rasa. 

Numpak prahu tengah laut sigra laju, 

Aneng pelabuhan, 

Rumeksa wadya prajurit, 

Tata bala olah gelaring samudra. 

13.

Sinom

Garwa dalem Amangkurat, 

Kanjeng Ratu Wiratsari, 

Katelah Ratu Kencana, 

Tedhak turun Jaka Tingkir, 

Nyata putri linuwih, 

Sinebut Ratu Serayu, 

Mbangun nagri Mataram, 

Gemah ripah loh jinawi, 

Wiwit brang wetan nganti tlatah Banyumas. 

Tata praja ing negara, 

Ngasta permana permati, 

Kanjeng Sunan Amangkurat, 

Ngereh sagung adipati, 

Wetan kulon pesisir, 

Laladan samudra kidul, 

Winengku tata cara, 

ingukir lendheping pikir, 

Pra kawula cukup sandhang wisma boga. 

14.

Maskumambang

Bungah susah yekti gawane ngaurip, 

Kawula tlatah Banyumas, 

Mersudi luhuring budi, 

Suwita Kraton Mataram. 

Abdi dalem sampun tampi dana dhuwit, 

Bungah turah arta daya,

Marem ayem jroning kapti, 

Narendra nyata sembada. 

15.

Durma

Tuking rukmi aneng desa Pancurendhang, 

Rajabrana mas picis, 

Sumber penghasilan, 

Tumrap praja Mataram, 

Mbudidaya Sri Wiratsari, 

Sri Amangkurat, 

Mersudi pala karti.

Gunung Kendheng gunung Renteng gunung Pandhan, 

Sumbering minyak bumi, 

Mubal lenga patra, 

Temayang Jepun Tuban, 

Lumaku budidaya nuli, 

Cerak bengawan, 

Tilel sakehing bathi. 

16.

Gambuh

Papan kidul pununjul, 

Gunung Slamet agung kaya payung, 

Ambawahi wilayah Banyumas kang peni, 

Amangkurat terus ambangun, 

Sigrak gumyak gotong royong. 

Tambah makmur sempulur 

Minyak tanah mapan ing sumur bur, 

Kanan kiri tanem tuwuh kayu jati, 

Perkutut ocehing patut, 

Prabeya praja gumrojog. 

17.

Pangkur

Jeng Pangran Kajor kocap, 

Sentana kang sugih inten mas picis, 

Bandha bandhu tanah mbrewu, 

Tedhak Pangeran Benawa, 

Wus misuwur trah Pajang kang makmur, 

Wiratsari ingkang putra, 

Ginarwa Sri Tegalwangi. 

Kutha praja Kartasura, 

Amangkurat Amral titi patitis, 

Tumpuk undhung mas jumerut, 

Mangka bandha negara, 

Sami udhu lumintu sajuru juru, 

Juru tani among dagang, 

Untung bathi mbanyu mili. 

18.

Dhandhanggula

Guru bangsa mbabar wiyatadi, 

Kawentar Pangeran Karanggayam, 

Saking wilayah Kebumen, 

Pituduh barang kawruh, 

Paugeran tata negari, 

Peprentahan bebrayan, 

Pandoming pandulu, 

Jeng Sultan Hadiwijaya, 

Paring dhawuh murih rahayu lestari,  

Pujangga Kraton Pajang. 

Ludruk kentrung kethoprak wigati, 

Wayang gamelan terus ngembaka, 

Joged tembang mekar gedhe, 

Jathilan reyog tayub, 

Jaran kepang sigrak ngangeni, 

Kawula gambireng tyas, 

Ayem guyub rukun, 

Tontonan tuntun tatanan, 

Guna seni aweh seneng saben jalmi, 

Warata saknegara.

19.

Pangkur

Kaloka Sri Ratu Batang, 

Ing Mataram minangka prameswari, 

Garwanipun Sultan Agung, 

Miyos Sri Amangkurat, 

Sampun purun tlatah Banyumas binangun, 

Narendra gung binathara, 

Mbahu dhendha nyakrawati. 

Manggih jaman keemasan, 

Kanjeng Sunan Amangkurat mersudi, 

Sinartan Ratu Serayu, 

Mranata pra kawula, 

Gancar lancar urip urup subur makmur, 

Cekap cukup cukap cakap, 

Enjang sonten siyang ratri. 

20.

Kinanthi

Kanjeng Ratu Mas Serayu, 

Pinilih putri linuwih, 

Atmaja Joko Kahiman, 

Hupasanta  malakrami, 

Miyos Kanjeng Ratu Batang, 

Sultan Agung ing Mentawis. 

Nata Kanjeng Sultan Agung, 

Amangkurat Tegalwangi, 

Amangkurat Amral, 

Paku Buwana siji, 

Sunan Amangkurat Emas, 

Sinuwun Mangkurat Jawi. 

21.

Dhandhanggula

Pantes luwes kinarya palupi, 

Labuh labet raja Amangkurat, 

Yasa Kedhaton Pamase, 

Sayekti tangguh ampuh, 

Mbangun jaman kencana rukmi, 

Lesmana Ajibarang, 

Pancurendhang mancur, 

Emas picis rajabrana, 

Bandha bandhu budi linangkung utami, 

Kanjeng Ratu Kencana.

Kanjeng Panembahan Senapati, 

Paring tuladha kagem wong Jawa, 

Aneng dhatulaya bale, 

Ganti Sinuwun Prabu , 

Nyakrawati wus menggalih, 

Murih bagya minulya , 

Kagem anak putu, 

Lumaksana gya makarya, 

Gemi tliti ngati ati barang kardi, 

Amangkurat Mataram. 

Purwadi, 

Universitas Negeri Yogyakarta

Editor
: Garda.id
Sumber
:

Berita Terkait

Peristiwa

Parkir Liar di Jalan Kartini Diduga Dibeckup Oknum DPRD, Wali Kota Diminta Evaluasi Kadis Perhubungan

Peristiwa

Kajatisu Silaturahmi Ke PWI Sumut, Harli Siregar : Jaksa Jangan Cawe-Cawe Proyek dan Main Dana Desa

Peristiwa

Ketua TI Sumut Bangga, Atlet Raih Medali di Kejuaraan Internasional Piala Panglima TNI

Peristiwa

JMSI Sumut Siap Gelar Musda, Rianto Ahgly : Mari Bergotong Royong Demi Kesuksesan Acara

Peristiwa

BAKOPAM Sumut Gelar Jumat Berkah, Salurkan Santunan untuk Janda di Medan dan Deliserdang

Peristiwa

Musda JMSI Teguhkan Komitmen Mengawal Arus Informasi Akurat