BABAD PURWOKERTO WIWAHA
1.
Durma
Bagas waras tumuju tlatah Banyumas,
Purwokerto negari,
Rombongan Ngayogya,
Pak Afendy lan garwa,
Mas Doni Bu Tutik Bu Siti,
Mas Fatkur Rahman,
Mbak Erna dados tindhih.
2.
Asmarandana
Mahargya Futya Rakhmani,
Mas Pangky Fajar Sagita,
Mantenan ing bale gedhe,
Sawah Atok Restaurant,
Minggu Pon selawe warsa,
Tanggal patlikur Agustus,
Pra mitra paring pamuja.
3.
Kinanthi
Dumugi kali Serayu,
Gumericik banyu mili,
Sasmita kagem Mbak Futya,
Paripurna palakrami,
Ngembani Mas Pangky Fajar,
Ber bandha ber bandhu picis.
4.
Miji
Gunung Slamet ngengreng endah asri,
Nugraha katinon,
Mbah Futya Mas Pangky lenggah jejer,
Nampi pambagya sri pangastuti,
Baskara nelahi,
Sumiliring bayu.
5.
Maskumambang
Gula klapa sang dwi warna abang putih,
Mbak Futya Mas Pangky Fajar,
Mangka sangu darma bakti,
Pahargyan kagem bebrayan.
6.
Megatruh
Pancurendang Ajibarang Bumiayu,
Papan inten emas manik,
Temanten sigra pikantuk,
Bebungah bebana bathi,
Wingi wungu wangun wangon.
7.
Pangkur
Gethuk goreng Sokaraja,
Pralampita tekun tekan makarti,
Manten sarana ngalumpuk,
Jiwa raga manunggal,
Mas Sagita mbak Rakhmani laku maju,
Jangka jangkah ngarah arah,
Sembada ingkang binudi.
8.
Pucung
Lugas lugu lamun suguhan kadulu,
Panganan mendoan,
Tapa tepi tepa tipis,
Mas Sagita Mbah Rakhmani tunggal rasa.
9.
Gambuh
Cilacap sisih kidul,
Tresna asih Mbak Futya njur thukul,
Mas Sagita yekti sembada ngimbangi,
Tegal Brebes ngamping gunung,
Purbalingga kutha ing lor.
10.
Dhandhanggula
Prameswari Ratu Wiratsari,
Garwa Kanjeng Sunan Amangkurat,
Yasa kedhaton pamase,
Patuladhan leluhur,
Purwokerto Banyumas nenggih,
Narendra gung Mataram,
Udhu bahu suku,
Negara arum kuncara,
Amastuti Mas Sagita Mbah Rakhmani,
Wibawa wicaksana.
11.
Sinom
Nuladha Jaka Kahiman,
Winisuda adipati,
Atmaja Sunan Prawata,
Kalinyamat Jaka Tingkir,
Rekadaya pambudi,
Minangka priyayi luhur,
Mbak Futya Mas Sagita,
Ginaris dados pewaris,
Luwes luwas Banyumas emas winawas.
Minggu Pon, 24 Agustus 2025.
Purwadi,
PBD FBSB UNY.