PANGASTUTI SULTAN AGUNGAN

Nas - Minggu, 16 November 2025 15:21 WIB
Ist

PANGASTUTI SULTAN AGUNGAN

Rikala dinten Ahad Pahing, 16 Nopember 2025 sowan ing pajimatan Imogiri. Mapan ing Sultan Agungan. GKR Wandansari dalah sentana abdi dalem caos puji pangastuti. Kawiwitan dhawuh dalem pangageng Sasana Wilapa.

1. Atur palaporan bilih Sinuwun Paku Buwono XIII sampun paripurna. 2. LDA ingkang pinandhegan GKR Wandhansari lumampah rahayu lestari. 3. Njumenengake KGPH Hangabehi minangka Sinuwun Paku Buwono XIV lulus raharja.

Shalawat dzikir tahlil tahmid tasbeh ngumandhang ing awang awang. Mbrengengeng lir pendah bremara manungsung sarining kembang.

Lelakon lan lelaku nuting jaman. Sinuwun Paku Buwono XIV nalika dinten Kamis Wage, 13 Nopember 2025 sampun jumeneng nata. Karaton Surakarta Hadiningrat mapag gumelaring jagad anyar.

Purwadi, Minggu Paing, 16 Nopember 2025


Tag:

Berita Terkait