Gendhing Lakon Bulaksumur Binangun

Nas - Sabtu, 20 September 2025 19:41 WIB
Gendhing Lakon Bulaksumur Binangun

Gendhing Lakon Bulaksumur Binangun1.Prof Dr SardjitoPangkurNihan Rektor Gajah Mada, Murwakani Prof Sardjito makarti, Mandhegani kampus bagus, Guru besar kawentar, Kiyat kayun tindak tanduk sopan santun, Sarjana rikat trengginas, Bandha sugih welas asih. 2.Prof Ir Herman JohannesPangkurGajah Mada gya ngrembaka, Wus pinanggih pimpinan kaping kalih, Prof Johannes sembur tutur, Kawignyan kamanungsan, Becik udhu bahu suku lan panemu, Ilmu laku wicaksana, Guyub rukun gotong royong. 3.Drg Nazir AlwiMijilNazir Alwi pimpinan kaping tri,Gumeleng gomolong, Pawiyatan luhur enjang sore, Kersa paring kawruh mas sinangkling, Dokter gigi angling, Dimen cakap cukup. 4.Drs Soepojo PadmodipoetroMijil Soepojo Padmodipoetro nuli, Mangka dados rektor, Sigra anetepi gawa gawe, Gajah Mada basuki lestari, Cerak anak didik, Murih ayem hayu. 5.Prof Dr Soeroso H PrawirohardjoGambuhPimpinan kokoh kukuh, Soeroso Prawirohardjo tangguh, Siyang ratri ngesti pakarti pambudi, Jumbuh barang kang ginayuh, Gajah Mada trus mencorong. 6.Prof Dr Sukadji RanuwihardjoGambuhKedhung kawruh pituduh, Soekadji Ranuwihardjo ampuh, Pinter bener kober bleger banter yekti, Jiwa agung sinengkuyung, Gajah Mada kang kesohor. 7.Prof Dr Teuku JacobKinanthiProf Teuku Jacob tuhu, Jembararing wawasan ngelmi, Gagasan mawi tulisan, Sumebaring kalawarti, Ahli saindhenging dunya, Paleo antropologi. 8.Prof Dr Koesnadi HardjasoemantriKinanthiGenep Rektor kaping wolu, Koesnadi Hardjasoemantri, Susila grapyak semanak, Solah bawa merak ati, Micara sarta miraga, Kulina dadi aktivis. 9.Prof Dr Ir Mohammad Adnan MaskumambangBagus alus Muhammad Adnan kapyarsi, Luwes gandhes pangandika, Tatas titis samukawis, Temen temu wicaksana. 10.Prof Dr Soekanto Reksohadiprojo, MaskumambangSoekanto Reksohadiprojo marsudi, Gumregut greget gumregah, Gelaring budaya seni, Gajah Mada rum kuncara. 11.Prof Dr Ichlasul AmalAsmarandanaNgancik jaman reformasi,Tumandang Ichlasul Amal, Urun rembug regeng rame, Sesumbang marang negara, Tatanan murih prayoga, Orde lama orde baru,Lumampah ingarah arah. 12.Prof Dr Sofian EffendyAsmarandanaAhli ing administrasi, Sofian Effendy mranata, Tata negara rinonce, Paprentahan tertib tenan, Pusat dumugi daerah, Binudi laras binangun, Masyarakat sejahtera. 13.Prof Ir SudjarwadiAsmarandanaTrus pinilih Sudjarwadi, Ayem ayom ing bebrayan, Sawang srawung kono kene, Gajah Mada kang kaloka, Unggah ungguh subasita, Kapribaden timur, Kabudayan nusantara. 14.Prof Dr PratiknoPucungSambang sambung Prof Pratikno lung tinulung, Mengku kautaman, Dosen tenndik wis nyawiji, Suka lila murih kamulyaning praja. 15.Prof Dr Dwikorita KarnawatiDhandhanggulaRektor Dwikorita Karnawati, Wusnya mandhegani Gajah Mada, Sepi pamrih rame gawe, Darapon unggul kabul, Linambaran puji hastuti,Gumarojog pakaryan, Sumaguh tinempuh, Jejering wanita tama, Temah mukti karana titen permati, Sembada kang sinedya. 16.Prof Dr Ir Panut MulyonoTiti wanci sigra amakarti,Profesor Panut Mulyono mlampah, Jumangkah pasrah sumendhe, Kampung ing Bulaksumur, Mahasiswa lan mahasiswi, Pengajar gancar lancar, Lumaku sinau, Ngudi kecerdasan bangsa, Darma bakti sumungkem ibu pertiwi, Dadya jalma piguna. 17.Prof Dr Ova Emilia. SinomRektor Ova Emilia, Putri pelopor Srikandhi, Jangka jangkah pangawikan, Tandang karya mitayani, Tliti gemi nastiti, Sakeh babagan karembug, Gathuk mathuk kababar, Katitik asiling becik, Gajah Mada konjuk kagem jagad raya. Purwadi, HP 087864404347Alumni S1 Sastra Jawa UGM, S2 ilmu humaniora UGM, S3 Filsafat UGM


Tag:

Berita Terkait