KADIPATEN JEPARA

Garda.id - Jumat, 04 Juli 2025 07:51 WIB
KADIPATEN JEPARA

KADIPATEN JEPARA

KANJENG

RATU KALINYAMAT

1.

Mijil

Kraton Demak Bintara winarni, 

Kalinyamat miyos, 

Sekar kedhaton putri kinacek, 

Kanjeng Sultan Trenggana narpati, 

Garwa prameswari,

Mas Maloka Ratu. 

2.

Pangkur

Garwa Ratu Kalinyamat, 

Priyayi Aceh Pangeran Hadirin, 

Sugih ber bandha ber bandhu, 

Saudagar Malaka, 

Cekap cukup pinter bener wus kacakup, 

Perwira bagus sembada, 

Kraton Samudra Pasai. 

3.

Kinanthi

Kalinyamat amituhu, 

Tepa palupi pra putri, 

Ratu Shima ing Kalingga, 

Ratu Pramodha Wardhani, 

Raja wanita Suhita, 

Tri Bhuwana Tungga Dewi. 

4.

Asmarandana

Kalinyamat mandhegani, 

Bupati tlatah Jepara, 

Saurute pesisir ler, 

Kaloka momong kawula, 

Wegig pangembating praja, 

Wiwit kutha desa dhusun,

Ajrih asih rasa tresna. 

5.

Durma

Rikat cukat terampil lincah trengginas, 

Kalinyamat marsudi, 

Undhaking kaprajan, 

Abdi dalem sentana, 

Golong gilig tumandang kardi,

Rampung pakaryan, 

Warata saknegari. 

6.

Gambuh

Kanjeng Pangeran Timur, 

Adipati Madiun misuwur, 

Kalinyamat momong permati gemati, 

Sayekti rembesing madu, 

Ngleluri wiji keraton. 

7.

Pucung

Unggul kabul   Kalinyamat  kang pinunjul, 

Kersa nggulawenthah, 

Pangeran Onje bupati,

Purbalingga pinanggih tata raharja. 

8.

Maskumambang

Joko Kahiman Banyumas adipati,

Atmaja Sunan Prawata, 

Ratu Emas Jaka Tingkir, 

Dangu ndherek Kalinyamat. 

9.

Megatruh

Greget sengkut anglegena sinjang rambut, 

Kalinyamat nandur becik, 

Pangeran Benawa tuhu,

Ratu Mas Cepaka menggalih, 

Hadiwijaya kesohor. 

10.

Sinom

Sunan Prawata pangarsa, 

Ratu Langgar Sampang kalih, 

Kalinyamat kaping tiga, 

Kapat Inten Hasanuddin, 

Cepaka Jaka Tingkir,

Timur Bupati Madiun, 

Putra Sultan Trenggana, 

Merbawani tanah Jawi, 

Pajang Mataram Kartasura pangeram. 

11.

Dhandhanggula

Kalinyamat pahlawan sejati, 

Tuladha kabupaten Jepara, 

Labuh labet gya sineksen, 

Wis antuk pikukuh, 

Saking pemerintah Republik, 

Ing nopember sedasa,

Tahun telu likur, 

Rakyat sepakat mupangat, 

Siyang ratri asung puji pangastuti, 

Nusantara kuncara.

ADIPATI TJITROSOMO

1.

Dhandhanggula

Tjitrosomo Kanjeng Adipati, 

Pangarsane wewengkon Jepara, 

Misuwur ing pesisir ler, 

Nlesih para leluhur, 

Reksojiwo pangageng inggil, 

Karaton Kartasura, 

Mataram pinunjul, 

Sunan Amangkurat Emas, 

Wus amiji minangka dadya Bupati, 

Mengku nguntara praja. 

2.

Durma

Sendang Kalinyamatan tlatah Jepara, 

Pajimatan bupati, 

Trah Tjitrokusuma, 

Sikti tur mandraguna, 

Titis wasis ing samukawis, 

Dhasar sembada, 

Ngatasi barang kardi.

3.

Megatruh

Pra Tumenggung nyata dadi payung agung, 

Tjitrosomo kaping siji, 

Ngantya Tjitrosomo wolu, 

Run tumurun merbawani, 

Kawula gya geleng golong. 

4.

Maskumambang

Duking timur kawastanan Ki Wuragil, 

Labuh labet marang praja, 

Sunan Amangkurat ping Tri, 

Sampun kersa amisuda. 

5.

Pangkur

Sinuwun Praba Suyasa, 

Purna paring Tjitrosomo kaping dwi,

Nama Adipati Kombul, 

Trampil ukir ukiran, 

Anyengkuyung juru tukang angrembuyung, 

Dumugi manca negara, 

Bandha bandhu luwih sugih. 

6.

Asmarandana

Tjitrokusuma kaping tri,

Ngesuhi bandaran Tuban, 

Tanjung Mas layaran gedhe, 

Lamongan lan Tanjung Perak, 

Tegal Batang Pekalongan, 

Bupati wignya ing butuh, 

Jepara gemah raharja. 

7.

Sinom

Tjitrosomo kaping papat, 

Jalma limpat mitayani, 

Rumeksa sakehing wreksa, 

Gunung Kendheng Alas jati, 

Tjitrosomo lima yekti, 

Mbudidaya lenga cepu, 

Urut kali bengawan, 

Tjitrosomo nem amanggih, 

Pari gaga kuncara ing jagad raya. 

8.

Kinanthi

Tjitrosomo kaping pitu, 

Nggulawenthah semen gamping, 

Jepara murih tumata, 

Wewangunan edi peni, 

Bata watu wus tinata, 

Sarwa becik tinon asri. 

9.

Mijil

Tjitrosomo wolu gya pinilih, 

Dutaning Karaton, 

Pahargyan Melayu ing Tamasek, 

Sungging ukir lancar laras laris, 

Tikel antuk bathi, 

Jepara rahayu. 

10.

Gambuh

Jepara tambah maju, 

Kabeh warga manunggal bersatu, 

Ratu Sima Kalinyamat lan Kartini, 

Minangka pahlawan agung, 

Tepa palupi kesohor. 

11.

Pucung

Tanggap tangguh kasembadan kang ginayuh, 

Jepara ngrembaka, 

Panjang punjung pasir wukir, 

Gemah ripah loh jinawi tata harja. 

SYEKH SITI JENAR

Dhandhanggula

Tata cara puwasa kawuri, 

Apa dene paweweh sedhekah, 

Iku kawruhana kabeh, 

Murih kena ginugu, 

Pandam pandum pandoming budi, 

Nelahi  kyehning titah, 

Sinung swarga besuke, 

Wong Jawa kanut sarjana, 

Tur nyatane padha bae pengin uning, 

Siswa Syekh Siti Jenar. 

Kang mituhu sami mesu budi, 

Anglakoni tapa pating krembyah, 

Pancen nana ganjarane, 

Yen wus ngapal mantramu, 

Jatine kena pinanggih. 

Neng dunya bae padha, 

susah amemikul, 

Lara sangsaya tan beda, 

Marma Siti Jenar mung madhep Hyang Widhi

Gusti Dat roning kamal.

ARYA DAMAR PALEMBANG

Dhandhanggula 

Myang suratira Sri Narapati,

Majalengka kang dhawuh mring sira,

nulya tinampen sirage,

mring Harya Damar sampun, 

ponang surat binuka aglis,

sinuksma ing wardaya,

penget layang ingsun,

Brawijaya majalengka, 

Heh ta sira Harya Damar,

Sira sun paringi,

Garweng ngong putri Cina.

Nanging aja kokrewang saresmi,

lah hentenen ing titipaning wang,

yen wus mijil wawratane,

sakarsanira iku,

marang putri Cina wus dadi,

pan iku garwanira,

ywa ta hamaringsun,

sahesthining sriraning wang

pan wus kamot aneng patra kang sun tulis,

rampung tata titinya.

TAPA ING GUNUNG DANARAJA

Pangkur

Nimas Ratu Kalinyamat, 

Tilar wisma sumengka ngganing wukir, 

Tapa wuda sinjang rambut, 

Neng gunung Danaraja, 

Apratignya tan arsa tapihan ingsun, 

Yen tan antuk adiling Hyang, 

Patine sedulur mami. 

Kapindhone kakung ingwang, 

Hiya dene si Jipang kang mateni, 

Yen ora kelakon lampus, 

Si bethut Arya Jipang, 

Eningena gantiya ingkang winuwus, 

Pangeran Harya Penangsang, 

Pajineman kang den ulig.

Kelangkung kaprawiranira, 

Agal alus tan ana den wegahi, 

Cinatur jineman wau, 

Dhasar wong tau tatal,

Asring kinen akarya randhaning Ratu, 

Kekes Bupati bang wetan, 

Dene wong papat sinekti.

Pangeran Jipang ngendika, 

Mring wong papat kang sarya den kasihi, 

Kabeh sun jaluk gawemu, 

Padha lakuwa dhustha, 

Lan cidranen Sultan Pajang amrih lampus, 

Yen kelakon gawenira, 

Papat suk karya Bupati.

Si Setan Kober tamakna, 

Pamit nembah dhuwung dipun tampeni, 

Winanti wanti dhustha wus, 

Mesat sekawan pisan, 

Tan kawarna, lampahe sekawan rawuh, 

Kabeh kudu kawruhana, 

Amomor duk kala menjing.

Wus prapta sajroning pura, 

Kawarnaa lakune dhustha nenggih, 

Murih dalan ribet ribut, 

Malumpat pager bata, 

Panjingira aneng sajroning Kadhatun, 

Maling sekti papat pisan, 

Wus prapta pra sami ndingkik.

Purwadi, 

Ketua Lokantara

Editor
: Garda.id
Sumber
:

Berita Terkait

Daerah

Parkir Liar di Jalan Kartini Diduga Dibeckup Oknum DPRD, Wali Kota Diminta Evaluasi Kadis Perhubungan

Daerah

Kajatisu Silaturahmi Ke PWI Sumut, Harli Siregar : Jaksa Jangan Cawe-Cawe Proyek dan Main Dana Desa

Daerah

Ketua TI Sumut Bangga, Atlet Raih Medali di Kejuaraan Internasional Piala Panglima TNI

Daerah

JMSI Sumut Siap Gelar Musda, Rianto Ahgly : Mari Bergotong Royong Demi Kesuksesan Acara

Daerah

BAKOPAM Sumut Gelar Jumat Berkah, Salurkan Santunan untuk Janda di Medan dan Deliserdang

Daerah

Musda JMSI Teguhkan Komitmen Mengawal Arus Informasi Akurat