Gagasan: Adhi Yoga Utama

Garda.id - Senin, 25 November 2024 14:11 WIB
Gagasan: Adhi Yoga Utama

Garda.id |  Tembang Macapat ASIA WANGI

Gagasan: Adhi Yoga Utama

Pangripta: Purwadi

1.

Dhandhanggula Asia Wangi

Kadang mitra ing Asia Wangi, 

Paguyuban karyawan BCA, 

Wusnya darbe tekad gedhe, 

Tanggap tangguh anggayuh, 

Seni wayang amrih lestari, 

Dadi srana ambabar, 

Kawruh unggah ungguh, 

Tata krama suba sita, 

Kang den esthi luhuring budi pekerti, 

Kapribaden utama.

2.

Pangkur Asia Wangi

Jatidiri nusantara, 

Wulang wuruk kanca Asia Wangi, 

Budaya kang adi luhung, 

Angripta pra pujangga, 

Kocap catur wayang kaloka misuwur, 

Warisane nenek moyang, 

Kesenian edi peni.

3.

Gambuh Asia Wangi

Asia Wangi tangguh, 

Ampuh wutuh ing sabarang kawruh, 

Sarwa manis pagelaran wayang wasis,

Mengku piwulang pituduh,

Terang suminar sumorot. 

Bahu suku panemu, 

Asia Wangi ambabar ngelmu, 

Seni wayang bisa minangka piranti, 

Sambang sambung sawang srawung, 

Ayem tentrem lahir batos.

4.

Pucung Asia Wangi

Siyang dalu Asia Wangi lumaku, 

Seni wayang purwa, 

Edi peni migunani, 

Wus kaloka saindhenging jagad raya. 

Seni agung pedalangan trus ngrembuyung, 

Tumangkar ngrembaka, 

Asia Wangi mersudi,

Nggelar wayang sarana mbabar piwulang. 

Siswa mathuk nampa ajar wulang wuruk, 

Carita prayoga, 

Mangesthi Asia Wangi, 

Tata praja dimen lestari widada.

5.

Sinom Asia Wangi

Seni wayang purwa nyata, 

Asia Wangi memetri,

Kagem siswa para mudha,

Sengkut latihan anggladhi, 

Paring beya pamikir, 

Mentes pantes urun rembug, 

Ing pamulangan sanggar, 

Enggal prigel pinter trampil, 

Mbudidaya murih mulyaning budaya.

6.

Kinanthi Asia Wangi

Tapa brata gulang gelung, 

Kanthi cegah gelang guling, 

Wayang wewayangan gesang, 

Ringgit sarine dianggit,

Pralampita jaman kuna. 

Pedoman Asia Wangi. 

Guyub rukun sopan santun, 

Tuwa anom jaler estri, 

Tumraping warga bebrayan, 

Memitran Asia Wangi, 

Mawi seni pedalangan, 

Mimbuhi kiyat makarti.

7.

Mijil Asia Wangi

Berdarma bakti Asia Wangi, 

Nyawiji gumolong,

Pancasila dasar pedomane,

Nusantara makmur loh jinawi, 

Papan sandang bukti, 

Sarwa turah cukup. 

Manut angger anggering negari, 

Momong momor momot,

Lumantar pewayangan rinonce, 

Paguyuban ing Asia Wangi, 

Ngreksa jatidiri, 

Kapribaden luhur.rel

Editor
: Garda.id
Sumber
:

Berita Terkait

Daerah

NPAB Satukan Tokoh Nasional dalam Halal Bihalal 2026, Perkuat Kolaborasi Akademik dan Sosial

Daerah

Imigrasi yang Berdaulat: Menjaga Gerbang, Mengelola Peradaban

Daerah

Dendam Lama Berujung Maut, Ketua DPD II Golkar Maluku Tenggara Tewas Ditikam

Daerah

Ketua DPD Golkar Maluku Tenggara Tewas Ditikam di Bandara Karel Sadsuitubun

Daerah

193 Tahun Kabupaten Simalungun, Bank Sumut Pertegas Peran Strategis Lewat Sinergi dan Transformasi

Daerah

Tiga Dosen Medan Raih Juara Turnamen Pingpong Ketupat Halal Bihalal PTM Eksekutif Sumut