BABAD TANAH LELUHUR BABAD PROF DR SOERIPTO

Garda.id - Minggu, 24 Agustus 2025 08:34 WIB
BABAD TANAH LELUHUR BABAD PROF DR SOERIPTO

BABAD TANAH LELUHUR

BABAD PROF DR SOERIPTO

1.

Dhandhanggula Empu Moyogati

Nguningani Empu Moyogati, 

Desa Ngadiboyo wus ambabar, 

Wus mideri kabupaten, 

Ing saindhenging Nganjuk, 

Tata titis gelaring keris, 

Prof Soeripto anabda,

Ana ganda arum, 

Tanah Rejoso aganda, 

Menyan wangi brambang ngleyang ing wiyati, 

Marga sura digdaya.

Singodidjoyo trah tirta wening, 

Darahe Pangeran Suradiran, 

Jadisaputro namane, 

Ngadiboyo Sang Empu, 

Moyogati wusnya sesiwi, 

Ripta keris pusaka, 

Mongrogati Empu, 

Kartoprawiro Raden Mas, 

Kriyojati sesepuh sregep makarti, 

Sanyata trah Mataram.

2.

Kinanthi Singo Tarub

Nihan Kyai Ageng Tarub, 

Garwa putri ing Kediri, 

Nyai Raden Suryaningrat, 

Singo Tarub wayah siwi, 

Madiun Trenggalek Blitar, 

Ponorogo Nganjuk Ngawi. 

Nlesih trah Barat Madiun, 

Papan dunung eyang putri, 

Bathara Katong atmaja, 

Brawijaya Majapahit, 

Prof Soeripto darah nata, 

Winastanan Kraton Pengging.

3.

Pangkur

Prof Soeripto gya winarna, 

Majapahit Kediri Pajang Pengging, 

Tedhake Ratu Pembayun, 

Kanjeng Handayaningrat, 

Kanigara Kebo Kenanga tumurun, 

Ing Mataram Kartasura, 

Jalur saking Joko Tingkir. 

Kediri trah Kameswara, 

Kahuripan Medang Jenggala Manik, 

Kartasura dugi Nganjuk, 

Sinuwun Amangkurat, 

Wiji ratu sugih bandha bandhu ngelmu, 

Ngejayeng ing Nusantara, 

Mbahu dhendha nyakrawati. 

4.

Mijil Singodidjoyo

Singodidjoyo miwah Tumini, 

Cahyane sumorot, 

Tanggal nem belas Maret sasine, 

Siji sanga patang puluh warsi, 

Prof Soeripto lahir, 

Raharja rahayu. 

Pawiyatan kedokteran nenggih, 

Fakultas kesohor, 

Gadjah Mada srana darma bekti, 

Guru Besar wasis, 

Samubarang kawruh.

5.

Durma Wiyata

Pendidikan SR Sukorejo mlampah, 

SMP Nganjuk nagri, 

Tumuli SMA, 

Kutha Kediri Daha, 

Kuliah Kedokteran titis, 

Ing Gadjah Mada, 

Sinartan meditasi. 

Wusnya tamat lulus dadi dokter muda, 

Koskap ing rumah sakit, 

Dokter winisuda, 

Murwakani pakaryan, 

Ing patologi anatomi, 

Bambang Soetarsa, 

Profesor kang ngembani.

6.

Sinom Singoleksono

Singoleksono binabar, 

Palakrama Jeng Monasri, 

Djojo Sumarto atmaja, 

Krana dadi mantu siwi, 

Misanan saudari, 

Sayektine bibit ratu empu, 

Tumangkar trah tumerah, 

Rumeksa jagad sekalir, 

Singodidjoyo Soeripto bekti darma. 

Dyah Ayu Singaleksana, 

Priyayi turun Mentawis, 

Demak Pajang Kartasura, 

Nami Kyai Ageng Pengging, 

Singaprana mastani, 

Tedhake narendra agung, 

Sinuwun Amangkurat, 

Sumambet Nganjuk Kediri, 

Nak tumanak putu anak jenak penak.

7.

Asmarandana Amsterdam

Ngudi ngemi manca nagri, 

Mapan Institut Amsterdam, 

Pamarsudi Residence, 

Doktor Frensdorf lan Van Der Har, 

Endometriosis jurnal, 

Agal alus temah lulus. 

Nyabrang ing praja Perancis, 

Jepang Thailand Vitnam, 

Mimbuhi wawasan gedhe, 

Ugi nagri Singapura, 

Jurnal internasional, 

Trus insiden kangker lambung, 

Helicobacter winarah.

KADIPATEN NGANJUK

1.

Dhandhanggula Sasrakusuma

Kanjeng Sunan Amangkurat Jawi, 

Amisuda Jeng Sasrakusuma, 

Minangka pangarsa gedhe, 

Adipati ing Nganjuk, 

Wilayah kulon Brantas, 

Tlatah kapit gunung, 

Kapit gunung Wilis Pandhan, 

Dasa April langit ngasta sapta bumi, 

Maruta panjang yuswa.

Patih Sindureja murwakani, 

Tata cara pahargyan wisudan, 

Rinengga mlathi rinonce, 

Pendhapa ganda arum, 

Bendera kumlebat ing wiyati, 

Karya asung pambagya, 

Adipati Nganjuk, 

Trah Tuban Daha Jenggala, 

Surabaya Kudus Lamongan Kediri, 

Semarang Panaraga. 

2.

Pangkur Jumeneng Bupati

Tumenggung Sasrakusuma, 

Atamaja Amangkurat Mas Kediri, 

Jumeneng Bupati Nganjuk, 

Dhawuh nata Mataram, 

Kang lumantar Patih Sindureja tuhu, 

Sineksenan pra sentana, 

Miwah sagung adipati. 

Kawula mangayu bagya,

Bregada kang siyaga pacak baris, 

Budhalan rame gumuruh, 

Gong bendhe beri munya, 

Puksur tambur mawurahan mujur luhur, 

Tlatah Nganjuk sigrak gumyak , 

Agung terang mrebawani. 

3.

Gambuh Pikukuh

Patih Mataram dhawuh, 

Maos serat minangka pikukuh, 

Kekancingan resmi pangarsa bupati, 

Ambawahi bumi Nganjuk, 

Sasrakusuma mencorong. 

Nuhoni pra sesepuh, 

Murih tanggap tanggon tangguh ampuh, 

Mesu budi semedi ing gunung Wilis, 

Ing Sedudho tapa kungkum, 

Bupati Nganjuk kesohor.

Kinanthi

Tumenggung kang adi luhung, 

Sasrakusuma Dipati, 

Ber budi bawa laksana, 

Mbahu dhendha nyakrawati, 

Ambeg adil paramarta, 

Memayu hayuning bumi. 

Patihanrowo lan Nganjuk, 

Sasrakusuma hangrenggani, 

Alun alun wewangunan, 

Tepung gelang kreta lori, 

Kebun kopi pabrik gula, 

Barang ukir kayu jati. 

Kertosono Brebek Ngluyu, 

Sukomoro Prambon asri, 

Balunggebang Bagor Gondang, 

Loceret Rejoso peni, 

Jatikalen Pace kondhang, 

Ngetos Baron mitayani.

4.

Pucung Misuwur

Amrih makmur Sasrakusuma misuwur, 

Sengkut tandang karya, 

Tukang dagang among tani, 

Kasembadan murah sandhang pangan papan. 

Pari jagung tanduran ketela puhung, 

Brambang dhele kacang, 

Bayem terong kangkung sledri, 

Jeruk manggis pancen Nganjuk keh woh wohan.

Lawuh krupuk sega pecel wayah esuk, 

Soto becek eca, 

Minuman teh anget manis, 

Enak penak aneng Nganjuk sigrak gumyak. 

5.

Sinom Rajakaya

Bupati Sasrakusuma, 

Sregep ngingu kebo sapi, 

Bebek menthok banyak ayam, 

Trowelu wedhus kelinci, 

Pedhet cempe lan meri,

Undhake wulu pametu, 

Mrih cakep cukup cekap, 

Gemah ripah loh jinawi, 

Nganjuk mulya tata tentrem karta harja.

B. Karang Padesan

1.

Dhandhanggula

Mojorembun desa merak ati, 

Katon asri kalamun sinawang, 

Grapyak semanak wargane, 

Kemraket guyub rukun, 

Gatong royong sabarang kardi,

Ngayahi kewajiban, 

Amrih gelis rampung, 

Sigra ngudi bagya mulya, 

Rina wengi sami sregep amakarti, 

Sembada kang sinedya. 

Dhukuh Grogol kulon kang winarni,  Sambiroto dhukuh paling wetan, 

Bulurejo lor cerake, 

Dumadi patang dhusun, 

Kyai Lurah kang mandhegani, 

Carik panyerat desa, 

Gya bantu binantu, 

Kamituwa lan kebayan, 

Jogotirto jogoboyo miwah modin, 

Siyaga tandang karya. 

2.

Gambuh

Dolan neng Mojorembun, 

Bakal temu tegal sawah kebun, 

Kacang brambang dhele tela jagung pari,

Pelem gedhang kates jambu, 

Bayem kangkung lombok terong. 

Tandang gawe sing tekun, 

Ngrakal ngluku nggaru tandur matun, 

Sosrok cemplong klacen besik gejik icir, 

Derep ndhaut bakul macul, 

Jebol ngarit pithil ombyok. 

3.

Pucung

Papanipun tlatah desa Mojorembun, 

Cedhak Alastuwa, 

Sidokare Jatikampir, 

Ngadiboyo Sukorejo dadi tangga. 

Sarwa gathuk dhahar sega pecel  mathuk, 

Tumuli wedangan, 

Jagongan ngunjuk teh kopi, 

Bareng kanca rembugan suka gembira.

4.

Kinanthi

Bale desa Mojorembun, 

Wewangunan edi peni, 

Latar jembar gilar gilar, 

Caket Puskesmas sayekti, 

Kagem pelayanan rakyat, 

Tetep buka saben hari. 

Pak Lurah kang setya tuhu, 

Minangka dadya pemimpin, 

Momong momor momot warga, 

Mrantasi kabeh perkawis, 

Mbudidaya karaharjan, 

Ayem tentrem lahir batin.

5.

Pangkur

Mangsa tiga nandur brambang, 

Lamun mangsa rendheng anandur pari, 

Mangsa labuh nandur jagung, 

Mareng ketela rambat, 

Tanah subur panguripan tambah makmur, 

Gelem ngopeni tanduran, 

Esuk sore awan bengi.

Ingon ingon raja kaya, 

Tlaten open ingone kewan sapi, 

Aneng ara ara menda, 

Pekarangan ngumbar ayam, 

Ngingu kutut jalak glathik podhang patut, 

Menthok meri mliwis banyak, 

Bebek trowelu kelinci. 

6.

Asmarandana

Kulina gemi nastiti,

Urip neng karang padesan, 

Ibarat mlathi rinonce, 

Ganda arum caket alam, 

Sumilire angin barat, 

Gunung wilis sisih kidul, 

Sisihe ler gunung Pandhan. 

Yen pinuju nandur pari, 

Binuka papan pinihan, 

Orok orok sesajine,

Ketan rasa gurih enak, 

Sungsuman nuli keleman, 

Ani ani aran ngundhuh, 

Kokoh wiwit wilujengan. 

7.

Mijil

Tata cara nandur brambang nenggih, 

Kawiwitan cemplong, 

Paripurna tanduran kedhele, 

Amiliha bibit ingkang becik, 

Enggal dipun icir, 

Kanthi larik urut. 

Tanduran brambang umur sesasi, 

Wite tuwuh mlolor, 

Wayahe diwenehi rabuk mes, 

Sela selaning brambang didhangir, 

Matun suket aglis, 

Rong lapan diundhuh. 

8.

Sinom

Palagandhul palawija, 

Palapendhem palakitri, 

Palarambat palasimpar, 

Tandurane kadang tani, 

Ngupaboga sayekti, 

Enjang sonten siyang dalu, 

Bisane kesembuhan, 

Nyambut gawe sing teliti, 

Sandhang pangan papan bakal kecukupan. 

Mojorembun gya makarya, 

Among dagang juru tani, 

Tukang bakul mracang blantik, 

Mantri bidan polisi, 

Tentara kontraktor guru, 

Sindhen seniman panjak, 

Sengkut gumregut makarti, 

Suka lila kanggo mulyaning negara. 

9.

Megatruh

Sigra nglilir kabeh warga Mojorembun, 

Siyaga netepi wajib, 

Mersudi kuncara arum, 

Pak Lurah kang handayani, 

Gegayuhan wus kelakon. 

Sigra bidhal gumreget gregah gumuruh, 

Arsa ambangun negari, 

Madhep mantep malih maju,

Sepuh anem kakung putri, 

Sinengkuyung para pamong. 

10.

Maskumambang

Gayeng regeng seneng marem jroning ati, 

Sambung srawung gagrak desa, 

Jenak penak urup urip,

Lelandhesan sabar nrima. 

Padhusunan gemah ripah loh jinawi, 

Tata tentrem kerta harja, 

Panjang punjung pasir wukir, 

Mojorembun bagya mulya.

C. Dhusun Makmur

1.

Mijil dhusun asri

Tlatah asri dhusun kang winarni,

Nyata wus kesohor, 

Kawiwitan desa Sidokare, 

Ngalor Jatikampir Grogol nenggih,

Banaran pinanggih, 

Alastuwo Dukuh. 

Ngetan Duwel Sukorejo yekti, 

Setren lan Goklingo, 

Menyang pasar Kerep dina Wage, 

Tawang Babadan Benggeng mranani, 

Kinupeng pring ori, 

Katon sarwa bagus. 

2.

Dhandhanggula nyadran

Tata cara ing sedhekah bumi, 

Anyarengi upacara nyadran, 

Aneng desa Sidokare, 

Dadi srana nenuwun, 

Marang Gusti kang Maha Suci, 

Sagung karang padesan, 

Urip subur makmur, 

Murah sandhang pangan papan, 

Panjang punjung gemah ripah loh jinawi, 

Tentrem kerta raharja. 

Wanci nuju hari Jumah paing, 

Kapurwakan kanthi wilujengan, 

Kumpul ana sumur gedhe, 

Nuli sowan leluhur,

Kyai Modin gya andongani, 

Mbrengengeng ing sareyan, 

Kagem kang wus surud, 

Manjing alam kesuwargan, 

Puja puji manggih basuki lestari, 

Sumrambah putra wayah. 

3.

Kinanthi gotong royong

Sidokare guyub rukun, 

Gotong royong tandang kardi,

Dalan alus tur warata, 

Kerja bakti resik resik, 

Pager gapura tumata, 

Pak Lurah kang mandhegani. 

Nanggap seni langen tayub, 

Panjak tandhak kang pinilih, 

Gayeng regeng gumyak sigrak, 

Pacak gulu joged ngibing, 

Tombok wol ser nut wirama, 

Slendro pelog laras gendhing. 

4.

Gambuh jadah jenang

Meriah wiwit esuk, 

Sarwa getuk suguhan sing mathuk, 

Jadah jenang rengginang kerupuk wajik, 

Sami eca dhahar ngunjuk, 

Wis cumawis gedhang kepok. 

Kembul bujana bathu, 

Lawuh ingkung paringan Mbah Kakung, 

Ngasta berkat kondur undangan kenduri, 

Sidokare wayah dalu, 

Pasugatan sega rawon. 

5.

Pucung nanggap wayang

Wus lumaku sing tinuju tambah maju, 

Sidokare nyadran, 

Pesta sedina sewengi, 

Nanggap wayang crita pakem trus ngumandhang. 

Dalang kondhang sabet trampil suluk gandhang, 

Nabuh pra wiyaga, 

Waranggana nembang becik, 

Pamiyarsa sanyata suka gembira. 

Weh lelipur Sidokare wis misuwur, 

Ngleluri budaya, 

Tuwa mudha jaler estri, 

Bagya mulya sesrawungan ana desa.

6.

Sinom ingon ingon

Kondhang bakul kulak brambang, 

Sidokare wasis titis, 

Bungah betah saba sawah, 

Juru dagang among tani,

Tansah gemi nastiti, 

Teken tekan krana tekun, 

Sakjroning nyambut karya, 

Enjang sore siyang ratri, 

Saya kiyat mbudidaya wong sakbrayat. 

Ingon ingon sapi menda, 

Ayam bebek menthok minthi, 

Nyambi ngopeni tanduran, 

Tela pohung jagung pari,

Pelem cerme trembesi, 

Bayem terong lombok kangkung, 

Pring ori waru klapa, 

Bandha bandhu emas picis, 

Sidokare sida mukti sida mulya.

7.

Asmarandana pranata mangsa

Kawruh mangsa patang warni, 

Arang udan mangsa tiga, 

Mangsa labuh rendheng mareng, 

Sami niteni tanduran, 

Dhele kacang tela brambang, 

Gilirane pari jagung, 

Ing karangan tegal sawah. 

Kadang tani nandur pari, 

Bibit unggul ing pinihan, 

Orog orog saranane, 

Glepung biru campur ketan, 

Cok bakal nuli keleman, 

Eret eret jajan pura, 

Palapendhem palagandhul, 

Palakitri palasimpar. 

8.

Durma tandang gawe

Sigra njangkah angayahi kewajiban, 

Warga kakung pawestri, 

Karang padhusunan, 

Sidokare sedaya, 

Among dagang juru martani, 

Padang lang tukang, 

Derep lan ani ani. 

Ndhaut matun macul  ngluku ngrakal, 

Nggaru anandur pari, 

Cemplong klacen  nglempak, 

Ngganco ngarit ambabat, 

Suket wutun lan suket teki, 

Ngreksa tanduran, 

Tumangkat tuwuh semi.

9.

Maskumambang

sregep sinau

Jamak lumrah tumrap para siswa siswi, 

Sinau aneng Sekolah, 

Murih dadi bocah wasis, 

Piguna ing tembe benjang. 

Bapak ibu guru mulang kanthi patitis, 

Sidokare gya gumregah, 

Anut majune negari, 

Njembarake pangawikan. 

10.

Megatruh welas asih

Warga Sidokare weruh unggah ungguh, 

Sambung srawung tata krami,

Hormat aruh mring sesepuh, 

Pernah mudha welas asih, 

Tindak tanduk andhap asor. 

Rumeksa pangambu pangrungu pandulu, 

Agawe reseping ati, 

Nyambut gawe dol tinuku, 

Pinercaya lancar laris, 

Mentes pantes bibit bobot. 

11.

Pangkur tuwuh tumangkar. 

Sidokare wus tumangkar, 

Pra sedulur sami purun ngrojongi, 

Mbudidaya desa maju, 

Netepi keh pakaryan, 

Jroning kalbu tekad waja siyang dalu, 

Kepinteran sowang sowang, 

Mawar beya jer basuki. 

Lila labuh mring negara, 

Suka rena tandang karya mandiri, 

Angesti kebak pinunjul, 

Jayane nusantara, 

Subur makmur jinawi murah tinuku, 

Karaharjan ketentraman, 

Bugya rahayu lestari.

D. Nganjuk Sarujuk.

Gambuh Gawe

Warga Nganjuk sarujuk,

Tandang gawe amrih sarwa mathuk,

Guyub rukun tekade padha nyawiji,

Jumangkah tunggal panemu,

Tuwa anom gotong royong.

Tlatah Nganjuk misuwur,

Mbudi daya urip subur makmur,

Nandur brambang kacang dhele jagung pari,

Sandhang pangan papan cukup,

Kanthi patrap andhap asor.

Desa kutha ing Nganjuk,

Sawah tegal saben dina pethuk,

Gunung renteng gunung pandhan gunung Wilis,

Kali brantas brumbung badhug,

Wus kondang wisata praon.

Sarapan aneng Nganjuk.

Sega pecel lawuh peyek krupuk.

Jajan pasar jongkong cucur dumbleg cenil.

Ondhe ondhe tempe tahu.

Jangan asem jangan bobor.

Budaya adi luhung,

Karawitan pedahalangan agung,

Tayub kledhek jaran kepang edi peni,

Seni tumangkar ing Nganjuk,

Maweh ayem lahir batos.

Nganjuk Mranani.

Kutha cilik sangisore gunung Wilis,

Iku pantes dadi pacangkramaning pra turis,

Yo kanca ing Sedhudha,

Ing perenging arga,

Lelumban lan byur byuran,

Weh bagasing raga,

Rampung njajan nginep ing pesanggrahan,

Wis mesthi kepranan nyawang kaendahan,

Ja lali ja keri kutha Nganjuk mranani.

Kali Bening sakperenge gunung Pandhan,

Iku dadi proyek kacukupan sandhang pangan,

Ngocori sabin sabin saeloring kutha,

Mesthi agawe pengin,

Wong sing padha teka,

Sumur kompor ing ngendi endi ana,

Tandur tandur subur bisa gawe makmur,

Ja lali ja keri kutha Nganjuk ngenteni.

Kabudayan kesenian pancen nyata,

Iku dadi pikukuh kaprobadening bangsa,

Kerawitan pedhalangan beksa olahraga,

Candi Ngetos wis nyata peninggalan kuna,

Pembangunan kuncara liyan praja,

Rerenggane kutha wis sarwa tumata,

Ja lali ja keri kutha Nganjuk nggon seni.

Purwadi, 

Alumni UGM.

Editor
: Garda.id
Sumber
:

Berita Terkait

Daerah

Parkir Liar di Jalan Kartini Diduga Dibeckup Oknum DPRD, Wali Kota Diminta Evaluasi Kadis Perhubungan

Daerah

Kajatisu Silaturahmi Ke PWI Sumut, Harli Siregar : Jaksa Jangan Cawe-Cawe Proyek dan Main Dana Desa

Daerah

Ketua TI Sumut Bangga, Atlet Raih Medali di Kejuaraan Internasional Piala Panglima TNI

Daerah

JMSI Sumut Siap Gelar Musda, Rianto Ahgly : Mari Bergotong Royong Demi Kesuksesan Acara

Daerah

BAKOPAM Sumut Gelar Jumat Berkah, Salurkan Santunan untuk Janda di Medan dan Deliserdang

Daerah

Musda JMSI Teguhkan Komitmen Mengawal Arus Informasi Akurat